Menyang kontèn

Ba Jin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Li Yaotang
Ba Jin in 1938
Jeneng pènBa Jin
PakaryaNovelis
BangsaChinese
Mangsa1927-1995

Ba Jin (巴金) (lair ing Chengdu, Sichuan, 25 Novèmber 1904 – pati ing Shanghai, 17 Oktober 2005 ing umur 100 taun) yaiku jeneng pena saka penulis kontemporer Cina, Li Yaotang(李尧棠) uga sinebut Feigan (芾甘).[1] Karyane kang paling misuwur yaiku Trilogi Guncangan (激流三部曲)yaiku Jia, Chun lan Qiu.[1] Trilogi kuwi musatake ing panulisan ngenani gulat kulawarga-kulawarga nalika ngadepi gantine pemerintahan Cina dadi komunisme.[1][2]

Biografi

Ba Jin lair ing kutha Chengdu, Provinsi Sichuan, Cina nalika 25 November ing taun pungkasan pemerintahan Dinasti Qing.[1][2][3]

Kulawargane yaiku kulawarga pejabat mula kaya kebiyasaane wong Tionghoa jaman kuwi, lima generasi manggon ana sawijining omah kang gedhe.[3][2]Dheweke entuk pengajaran sacara privat lan berkualitas amarga status kulawargane kang dhuwur.[3] Wong tuwane tinggal donya nalika Ba Jin isih enom lan perwaliane ngalih ing simbah kakunge kang otoriter.[4][2] Kabeh mau kang dadi gawe Ba jin dadi sawijining penulis Jia.

Sawise simbah kakunge tinggal donya, kekuasaan kulawargane pindhah ing pak like. .[2] Pindhahan iki dadekake dheweke bebas metu .[2] Nalika kuwi ana Gerakan Empat Mei 1919 kang bukak dalan Ba Jin ing idealisme anarkisme lan demokrasi.[3] Ba Jin nerusake sekolah ing Sekolah Menengah Atas di Chengdu Foreign Language School lan jupuk jurusan Bahasa Inggris.[3] ing taun 1923 dheweke nerusake sekolah ing Shanghai lan Nanjing.[3] Nalika sekolah kang suwene rong taun, dheweke seneng nulis lan nerjemahake artikel Anarkisme.[3] Ing taun 1925 dheweke nyiapake karire ngenani literatur.[4]

Pendhidhikan ing Prancis (1927-1928)

Ing taun 1927, dheweke ninggalake Cina lan tukuju ing Paris, Perancis.[4][2][3] Tekane ing Prancis menehi akses ngenani crita fiksi lan ngenani Revolusi Perancis.[4] Ing kono dheweke gabung karo mahasiswa beraliran Anarkisme Cina liyane.[2] Ukuman kanggo rong pekerja imigran anarkis Italia, Nicola Sacco lan Bartolomeo Vanzetti mrabawabi Ba Jin kang merjuangake kebebasan lumantar artikel-artikele.[2]

Ing taun 1929 dheweke milih jeneng pena Ba Jin kanthi nggabungake jeneng loro tokoh Anarkisme idolane.[2][3] Ba (巴) dijupuk saka terjemahan rong huruf wiwitan jeneng mburi Mikhail Bakunin lan Jin (金) saka telung huruf pungkasan Pyotr Kropotkin.[2][3]

Balike dheweke ing tanah air ndadekake dheweke sadhar yen Partai Komunis Cina durung gawe perubahan berarti ing negarane.[2] Dheweke banjur kerep lelungan saperlu deleng uripe rakyat ing jaman kuwi. [2] Pengamatane gawa jinis karakter anyar ing novele, yaiku rakyat jelata Cina.[2] Banjur Ba Jin nggabungake pengalamane ing luar negri lan asil pengamatan rakyat kuwi ing novel-novel candhake.[2]


Ba Jin nulis novel wiwitane ing Shanghai, kanthi irah-irahan Kehancuran (灭亡) kang diterbitake sacara berkala ing jurnal crita cekak Xiaoshuo Yuanbao ing taun 1929.[4] SetelahSawise Kehancuran, dheweke nulis pirang-pirang buku lan esai kang cacahe luwih saka enem juta tembung.[3] Karyane kang paling penting yaiku Trilogi Cinta(爱情的三部曲).[4][1] Karyane didadekake buku kanthi 14 Volume Karya Ba Jin(dipublikasekake ing taun 1958-1962) lan Karya Terpilih Ba Jin (kalebu Trilogi Guncangan, Trilogi Cinta, Mimpi Lautan (海的梦) lan Musim Gugur di Musim Semi (春天里的秋天).[3] Ing rong dekade nganti akhir 1950an, ia menulis hampdheweke nulis ngancik 20 novel lan 70 crita cerkak.[2]


Ing taun 1934, amarga novele dianggep ngancam pemerintahan dheweke kepeksa lunga menyang Jepang.[2]Sawise rong taun, Ba Jin lagi sadar yen dheweke salah sawijine Sastrawan kang duweni pengaruh ing jaman kuwi.[2] Karya-karyane misuwur ing kalangan para mudha.[2] Novel trilogi karyane Api (火) kang diterbitake antarane taun 1940-1945, diwiwiti saka perang ing Shanghai lan kepahlawanan kaum muda.[2] Sawise pasca perang saudara ing Cina, Ba Jin nerusake karyane karo Shen Congwen lan Lu Xun ing jenis karya kontemporer.[2] Telung tokoh penting mau yaiku Sastra Kontemporer Cina.[2]


Cathetan suku

  1. a b c d e (ing basa Cina) Zhao, Zhangzheng(赵长征). (2007). Wenxue Zhuanye Hanyu Jiaocheng (文学专业汉语教程). Beijing: Peking University Press (北京大学出版社). Hal. 15
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.Gittings, John (2005-10-18). "Ba Jin: Chinese writer who made the journey from anarchism to Mao and back again". The Guardian UK. {{cite news}}: |access-date= requires |url= (pitulung)
  3. a b c d e f g h i j k l Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.Ba Jin, Chinese Culture Online. Diundhuh tanggal 18 Mei 2010.
  4. a b c d e f Masalah transklusi: {{En}} mung bisa kaanggo ing mandhala aran Barkas. Anggonen {{lang-en}} utawa {{en icon}} baé.Ba Jin, About.com. Diundhuh tanggal 18 Mei 2010.

{{subst:#if:Jin, Ba|}} [[Kategori:{{subst:#switch:{{subst:uc:1904}}

|| UNKNOWN | MISSING = Taun lair ora ana {{subst:#switch:{{subst:uc:2005}}||LIVING=(wong urip)}}
| #default = Lair 1904

}}]] [[Kategori:{{subst:#switch:{{subst:uc:2005}}

|| LIVING  = Wong urip
| UNKNOWN | MISSING  = Taun pati ora ana
| #default = Pati 2005

}}]]