Menyang kontèn

Kekaisaran Romawi Kulon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 20 Agustus 2011 00.47 déning KamikazeBot (parembugan | pasumbang) (r2.7.1) (bot Menambah: vi:Đế quốc Tây La Mã)

Kakaisaran Romawi Kulon iku jeneng sing diwènèhaké marang Kakaisaran Romawi sisih kulon sawisé pambagéyané déning Diocletian. Bagéyan iki duwé pabédan sosial sing akèh karo Krajan Romawi Wétan; ing ngendi sing Wétan tutur basané Yunani lan banjur mèlu Gréja Ortodoks Wétan lan Monofisitisme; lan sing Kulon tutur basané Latin lan banjur mèlu Katulik Roma.

Ing loro garis mau kakaisaran iki bener-bener kapisah, sing wétan Hellenistik kasil tetep manunggal, punjerané ing sekitar budaya Yunani (lan tetep ndeleng dhèwèké minangka "Roma" asli). Sing Wétan wis manunggal, paling ora sacara budaya, wiwit nalika panelukan Alexander Agung ing abad kaping-4. Sauntara iku, sing kulon, senajan gegandhèngan karo Latin, nanging kapérang saka budaya sing akèh lan kurang manunggal sing wis kaasimilasi déning wong Roma.

Pranala njaba