Menyang kontèn

Lenga gorèng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 2 Maret 2016 05.05 déning Arupako (parembugan | pasumbang) (éjaan, replaced: yaiku → ya iku (3), sehat → séhat (2) using AWB)
Lenga gorèng

Lenga gorèng ya iku lenga kan asale saka gajih tandhuran utawa kewan kang dimurnèkake lan wujude cair ing suhu kamae lan biasane kanggo nggoreng panganan.[1] Lenga goreng saka tandhuran biasane saka tandhuran kaya kelapa, winih, kacang, jagung, kedele, lan kanola.[1]

Rusake lenga gorèng

Lenga gorèng biasane bisa digunakake nganti ping 3 utawa 4 panggorengan.[2] Yen digunakake terus-terusan, werna lenga bakalan maleh.[2]

Rikala dianggo nggoreng, ikatan rangkap kang ana ing asam lemak tak jenuh bakal pedot lan mbentuk asam lemak jenuh.[2] Lenga kang apik ya iku lenga kang ngandut asam lemak tak jenuh kang luwih akeh tinimbang karo kandutan asam lemak jenuhe.[2]

Sawise dianggo ping prang-pirang, asam lemak kang ana ing lenga bakal saya jenuh.[3] Kahanan kang kaya ngono diarani lenga jelantah utawa lenga wis rusak.[3] panganggo lenga kang ping pirang-pirang bakal nggawe ikatan rangkap lenga teroksidasi mbentuk gugus peroksida lan monomer siklik, lenga kang kaya ngono wis rusak lan ora apik kanggo kasarasan.[3] Suhu kang saya dhuwur lan saya suwe manasi, nyebabake kadar asam lemak jenuh bakal saya munggah.[3] Minyak nabati kang duwe kadar asam lemak dhuwur bakal ngakibatake panganan kang digoreng dadi mbebayani kasarasan.[3]

Saliyane amerga dianggo nggoreng bola-bali, lenga bisa rusa amerga kesuwen disimpen saengga ikatan trigliserida pecah dadi gliserol lan asam lemak bebas.[3]

Sumber

Biasane lenga gorèng asale saka lenga kelapa sawit.[4] Lenga kelapa bisa digunakake kanggo nggoreng amerga struktur lengane kang duwe ikatan rangkep saengga lengane bisa kelebu lemak tak jenuh kang siate stabil.[4] Saliyane iku ing lenga kelapa duwe asam lemak esensial kang ora bisa disintesis karo awak.[4] Asam lemak kasebut iku asam palmitat, stearat, olet lan linoleat.[4]

Lenga kang biasane kanggo nggoreng saliyane lenga kelapa sawit ya iku lenga palm kernel, parl olein, palm stearin lan tallow.[5] Saliyane iku ana uga lenga liya kaya lenga winih anggur, kembang matahari, kedele, lan zaitun.[5] lenga-lenga iku ora trep yen kanggo nggoreng nanging lenga-lenga iki duwe kandhutan asam lemak kang dhuwur lan biasane digunakake mawa bahan tambahan ing salad lan panganan liya.[5]

Cathetan suku

  1. a b (ing basa Indonésia)Club Discussion Jakarta (dipunundhuh tanggal 27 Januari 2013)
  2. a b c d (ing basa Indonésia)Minyak Goreng (dipunundhuh tanggal 27 Januari 2013)
  3. a b c d e f (ing basa Indonésia)Minyak goreng dan kolesterol (dipunundhuh tanggal 27 Januari 2013)
  4. a b c d (ing basa Indonésia)RSI Cempaka (dipunundhuh tanggal 27 Januari 2013)
  5. a b c (ing basa Indonésia)Rumah Kangker (dipunundhuh tanggal 27 Januari 2013)