Lenga gorèng
Artikel iki lagi ingowahan gedhèn-gedhèn 28 Februari 2013 suwéné. Saperlu ngéndhani cengkah ing pambesut, panjenengan aja mbesut kaca iki nalika layang iki isih kapajang. Kaca iki pungkasan ingowahan nalika 03:41, 27 Januari 2013 (UTC) (11 taun kapungkur). Panjenengan katuran mbusek cithakan iki yèn kaca iki wis ora kabesut ing dalem sawatara jam. Manawa panjenengan juru pambesut kang ngetrapaké cithakan iki, pesthèkaké panjenengan mbusek cithakan iki utawa nggantèni nganggo {{Lagi kagarap}} antarané mangsa anggoné panjenengan mbesut. |
Lenga Klentik yaiku lenga kan asale saka lemak tandhuran utawa kewan kang dimurnikake lan wujude cair ing suhu kamae lan biasane kanggo nggoreng panganan. Lenga goreng saka tandhuran biasane saka tandhuran kaya kelapa, winih, kacang, jagung, kedele, lan kanola.
Rusake Lenga Klentik
Lenga Klentik biasane bisa digunakake nganti ping 3 utawa 4 panggorengan. Yen digunakake terus-terusan, werna lenga bakalan maleh.
Rikala dianggo nggoreng, ikatan rangkap kang ana ing asam lemak tak jenuh bakal pedot lan mbentuk asam lemak jenuh. Lenga kang apik yaiku lenga kang ngandut asam lemak tak jenuh kang luwih akeh tinimbang karo kandutan asam lemak jenuhe.
Sawise dianggo ping prang-pirang, asam lemak kang ana ing lenga bakal saya jenuh. Kahanan kang kaya ngono diarani lenga jelantah utawa lenga wis rusak. panganggo lenga kang ping pirang-pirang bakal nggawe ikatan rangkap lenga teroksidasi mbentuk gugus peroksida lan monomer siklik, lenga kang kaya ngono wis rusak lan ora apik kanggo kasarasan. Suhu kang saya dhuwur lan saya suwe manasi, nyebabake kadar asam lemak jenuh bakal saya munggah. Minyak nabati kang duwe kadar asam lemak dhuwur bakal ngakibatake panganan kang digoreng dadi mbebayani kasarasan.
Saliyane amerga dianggo nggoreng bola-bali, lenga bisa rusa amerga kesuwen disimpen saengga ikatan trigliserida pecah dadi gliserol lan asam lemak bebas.
Sumber
Biasane lenga klentik asale saka lenga kelapa sawit. Lenga kelapa bisa digunakake kanggo nggoreng amerga struktur lengane kang duwe ikatan rangkep saengga lengane bisa kelebu lemak tak jenuh kang siate stabil. Saliyane kuwi ing lenga kelapa duwe asam lemak esensial kang ora bisa disintesis karo awak. Asam lemak kasebut kuwi asam palmitat, stearat, olet lan linoleat.
Lenga kang biasane kanggo nggoreng saliyane lenga kelapa sawit yaiku lenga palm kernel, parl olein, palm stearin lan tallow. Saliyane kuwi ana uga lenga liya kaya lenga winih anggur, kembang matahari, kedele, lan zaitun. lenga-lenga kuwi ora trep yen kanggo nggoreng nanging lenga-lenga iki duwe kandhutan asam lemak kang dhuwur lan biasane digunakake mawa bahan tambahan ing salad lan panganan liya.