Menyang kontèn

Guglielmo Marconi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 19 Juli 2017 11.29 déning Top4Bot (parembugan | pasumbang) (éjaan, replaced: penting → wigati, Nobel → Nobèl (3), dhewe → dhéwé, cepet → rikat, bidang → babagan)
Poto Guglielmo Marconi

Guglielmo Marconi ya iku tokoh penemu radhio nalika taun 1874 ing Bologna, Itali.[1] Panemu radio iki éntuk pendhidhikan pribadhi saka salah sawijiné guruné.[1] Taun 1894, nalika umuré ngancik rong puluh taun, Marconi maca percobaan-percobaan kang ditindakaké déningHeinrich Hertz.[1] Percobaan-percobaan iki kanthi gamblang nudhuhaké anané gelombang elektromagnetik kang ora bisa dideleng nganggo mripat, obah ngliwati angin kanthi swara kang rikat.[1] Marconi banjur duwé ide manawa gelombang iki bisa dimanfaatké kanggo ngirim tandha-tandha kang ngliwati jarak adoh tanpa ngliwati kawat kang nyediakaké perkembangan komunikasi kang ora bisa ditindakaké déning telegram.[1] Tuladhané kanthi cara iki warta-warta bisa dikirim menyang kapal ing tengah segara.[1] Ing taun 1895, mung setaun nyambut gawé, Marconi kasil gawé piranti kang dibutuhaké.[1] Taun 1896 dhèwèké meragakaké pirantiné mau ing Inggris lan éntuk hak paten kanggo panemuan iki.[1] Marconi banjur ngedekaké perusahaan lan Marconi kawiwitan dikirim taun 1898.[1] Taun sabanjuré déwéké sanggup ngirim warta tanpa lewat kawat kang nyebtrang ing selat Inggis.[1] Senajan patene ana wis ana ing dhèwèké ing taun 1900, Marconi nerusake gawé lan matenake panyempurnan-panyempurnan kanthi dhasar panemune dhéwé.[1] Ing tahun 1901 dhèwèké kasil ngirimaké warta radio kanthi ngliwati Samudera Atlantik, saka Inggris tekan Newfoundland.[1] Makna wigati saka panemuan anyaré mau kanthi dramatis digambaraké ing taun 1909 nalika Kapal S.S. Republic rusak karana tabrakan lan kelep ing dhasar laut.[1] Warta radio pancen migunani kanggo kabèh penumpang ing prastawa iku kejaba wong enem kang ora bisa katulungan.[1] Ing taun kang padha, Marconi kasil éntuk Bebungah Nobèl kanggo panemune lan ing taun candhake dhèwèké kasil ngirim warta radio saka Irlandia tekan Argentina, ya iku kanthi jarak kang luwih saka 6000 mil.[1] Marconi tinggal dunya ing Roma, Italia tanggal 20 Juli 1937.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o luk.staff.ugm.ac.id (diakses tanggal 23 Mei 2011)
  2. [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 116]

Cithakan:Nobèl Fisika 1901-1925