Menyang kontèn

Guglielmo Marconi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Owahan 28 Mèi 2012 03.40 déning Xqbot (parembugan | pasumbang) (r2.7.3) (bot Mengubah: lij:Ghigermo Marcon; kosmetik perubahan)
Poto Guglielmo Marconi

Guglielmo Marconi yaiku tokoh penemu radhio nalika taun 1874 ing Bologna, Itali. [1] Panemu radio iki entuk pendhidhikan pribadhi saka salah sawijiné guruné. [1] Taun 1894, nalika umuré ngancik rong puluh taun, Marconi maca percobaan-percobaan kang ditindakaké déningHeinrich Hertz. [1]Percobaan-percobaan iki kanthi gamblang nudhuhaké anané gelombang elektromagnetik kang ora bisa dideleng nganggo mripat, obah ngliwati angin kanthi swara kang cepet. [1]Marconi banjur duwé ide menawa gelombang iki bisa dimanfaatké kanggo ngirim tandha-tandha kang ngliwati jarak adoh tanpa ngliwati kawat kang nyediakaké perkembangan komunikasi kang ora bisa ditindakaké dening telegram. [1] Tuladhané kanthi cara iki warta-warta bisa dikirim menyang kapal ing tengah di segara.[1]Ing taun 1895, mung setaun nyambut gawé, Marconi kasil gawé piranti kang dibutuhaké. [1]Taun 1896 dhéwéké meragakaké pirantiné mau ing Inggris lan entuk hak paten kanggo panemuan iki. [1]Marconi banjur ngedekaké perusahaan lan Marconi kawiwitan dikirim taun 1898. [1]Taun sabanjuré déwéké sanggup ngirim warta tanpa lewat kawat kang nyebtrang ing selat Inggis. [1]Senajan patene ana wis ana ing deweke ing taun 1900, Marconi nerusake gawe lan matenake panyempurnan-panyempurnan kanthi dhasar panemune dhewe. [1]Ing tahun 1901 dhéwéké kasil ngirimaké warta radio kanthi ngliwati Samudera Atlantik, saka Inggris tekan Newfoundland.[1]Makna penting saka panemuan anyaré mau kanthi dramatis digambaraké ing taun 1909 nalika kapal S.S. Republic rusak akibat tabrakan lan kelep ing dhasar laut. [1]Warta radio pancen migunani kanggo kabeh penumpang ing prastawa iku kejaba wong enem kang ora bisa katulungan. [1]Ing taun kang padha, Marconi kasil entuk Hadhiah Nobel kanggo panemune lan ing taun candhake dhéwéké kasil ngirim warta radio saka Irlandia tekan Argentina, yaiku kanthi jarak kang luwih saka 6000 mil.[1] Marconi tinggal dunya ing Roma, Italia tanggal 20 Juli 1937.[2]


Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m n o (ing basa Indonésia) luk.staff.ugm.ac.id (diakses tanggal 23 Mei 2011)
  2. (ing basa Indonésia) [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009.105 Tokoh dan Perintis Dunia.Yogyakarta:Narasi Hal. 116]


{{subst:#if:|}} [[Kategori:{{subst:#switch:{{subst:uc:1874}}

|| UNKNOWN | MISSING = Taun lair ora ana {{subst:#switch:{{subst:uc:1937}}||LIVING=(wong urip)}}
| #default = Lair 1874

}}]] [[Kategori:{{subst:#switch:{{subst:uc:1937}}

|| LIVING  = Wong urip
| UNKNOWN | MISSING  = Taun pati ora ana
| #default = Pati 1937

}}]]