Menyang kontèn

Gajah gajah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gajah-gajah iku tembang dolanan, ya iku jinis tembang kang prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, mligi ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah kawanuhaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetuwuhan, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.[1]

Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana sajeroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.

Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:

Gajah, gajah, mréné tak kandhani jah
mripat kaya laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlalé
buntut cilik, tansah kopat-kapit
sikil kaya bumbung
mung mlakumu mégal mègol

Rujukan

[besut | besut sumber]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]