Menyang kontèn

Kembang sepatu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kembang sepatu
Hibiscus rosa-sinensis
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Génus: Hibiscus
Spésies: H. rosa-sinensis
Jeneng binomial
Hibiscus rosa-sinensis
L.

Kembang sepatu (Hibiscus rosa-sinensis L.) iku tetuwuhan semak suku Malvaceae sing asalé saka Asia Wétan lan akèh ditandur minangka tetuwuhan hias ing tlatah tropis lan subtropis. Kembangé gedhé, wernané abang lan ora ana ambuné. Kembang saka manéka warna kultivar lan hibrida bisa wujud kembang tunggal (godhong makutha salapis) utawa kembang dhobel (godhong makutha malapis-lapis) sing wernané putih nganti kuning, oranye nganti abang tuwa utawa jambon.

Ing Sumatra lan Malaysia, kembang sepatu karan bunga raya. Kembang iki dikukuhaké minangka kembang nasional Malaysia ing tanggal 28 Juli 1960. Wong Jawa nyebut kembang iki kembang worawari.

Dhéskripsi

[besut | besut sumber]

Kembang sepatu kapérang saka 5 helai godhong kelopak sing direksa déning kelopak tambahan (epicalyx) saéngga katon kaya rong lapis kelopak kembang. Makutha kembang kapérang saka 5 lembar utawa luwih yèn wujud hibrida. Gagang putik wangun silindher dawa diklilingi gagang sari wangun oval kang tetaburan serbuk sari. Wiji ana ing njeron woh wangun kapsul kanthi limang bilik.

Lumrahé dhuwuré tetuwuhan sakiwa-tengené 2 tekan 5 mèter. Wangun godhong bunder endhog sing amba utawa bunder endhog sing ciut kanthi pucuk godhong lancip. Ing tlatah tropis utawa ing omah kaca tetuwuhan ngembang setaun teras, éwadéné ing tlatah subtropis ngembang wiwit saka usum panas nganti usum palastra.

Wangun kembang kaya trompet kanthi dhiameter sakiwa-tengené 5 cm nganti 20 cm. Putik (pistillum) njulur metu saka dhasar kembang. Kembang bisa mekar ngadhep munggah, mudhun, utawa ngadhep nyamping. Lumrahé, tuwuhan iki nduwé sipat steril lan ora ngasilaké woh.

Tuwuhan iki tangkar-tumangkar kanthi cara stèk, cangkok, lan nempel.

Kagunaan

[besut | besut sumber]

Kembang sepatu akèh didadèkaké tetuwuhan hias amarga kembangé sing élok. Kembang digunaaké kanggo nyemir sepatu ing India lan minangka kembang persembahan. Ing Tiongkok, kembang sing wernané abang digunaaké minangka bahan pawarna panganan. Ing Indonésia, godhong lan kembang digunaaké ing manéka warna pangobatan tradhisional. Kembang sepatu sing digaringaké uga bisa diombé minangka tèh.

Ing Okinawa, Jepang digunaaké minangka tetuwuhan pager. Ing sisih kidul Okinawa, tetuwuhan iki karan Gushōnu hana (後生花? kembang kauripan sawisé mati) saéngga akèh ditandur ing pasaréan kanggo ndongakaké kebahagiaan ing alam kana.

Khasiat

[besut | besut sumber]

Kanthi manéka warna lan wangun mahkotané, kembang sepatu katon éndah lan mranani ati wong-wong sing nyawang. Tujuné kembang sing éndah iki gambang banget urip ing Indonésia. Saliyané bisa disawang kaéndahané amarga kembang sepatu iki ngembang setaun teras, kembang iki uga nduwéni khasiat obat.

Kembang iki ngandhut unsur kimia Flavonoida, dat lemak, lan lendhir. Kanthi kandhutan mau, saora-orané kembang sepatu bisa nglancaraké haid, nyarasaké watuk lan absès mawa cara;

  1. nglancaraké haid: Jupuk telung kuncup kembang sepatu, campur karo cukak sing dinggo masak sacukupé, dilarutaké nganggo banyu mateng sithik. Saring, banjur diombé sadina pisan, suwéné telung dina.
  2. Watuk: Jupuk telung kuncup kembang, remes-remes kaliyan 100 ml banyu anget, simpen sewengi ing wadhah katutup. Yèn perlu ditambahi sasendhok madu, diombé sadina pisan suwéné pitung dina.
  3. Absès: Pakar Kasehatan Filipina Hermina de Guzman Ladion nelakaké, kembang sepatu bisa nyarasaké absès. Carané: jupuk 5 lembar godhong lan 2 kuntum kembang, dirajang alus, banjur ditempelaké ing pérangan awak sing kéna absès. lakonana saben ésuk lan soré. (ros/Nova)
[besut | besut sumber]

Pirsanana uga

[besut | besut sumber]

Pratélan pustaka

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

]