Menyang kontèn

Reticulum

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
RETICULUM

Peta Reticulum
CekakanRet
GenitifReticuli
Asensio rekta4
Deklinasi−60
Area114 derajad pesagi (#82nd)
Lintang utama4
Lintang
Bayer/Flamsteed
11
Lintang
mawa planèt
6
Lintang padhangnone
Lintang cedhaknone
Lintang paling padhangα Ret (3.33m)
Lintang paling cedhakζ2 Reticuli ( tc)
Obyèk Messiernone
Rasi lintang
sing wewatesan
Horologium
Dorado
Hydrus
Katon antara lintang +23° lan −90°.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi January.
'

Reticulum inggih punika satunggaling rasi lintang ingkang alit, lemes, lan ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul..[1] Reticulum inggih punika nama Latin saking "net" alit, utawi jaring reticle ingkng wonten ing fokus [[lensa] mata teleskop ingkang dipun-ginakaken kanggé ngukur posisi lintang.[2] Konstelasi reticulum punika badhé katingal saé manawi dipuntingali ing antawisipun sasi Oktober lan Dhésèmber, nanging boten saged dipuntingali saking tengahan garis lintang ngantos ing sak lor ipun garis lintang.[3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Konstelasi Reticulum punika sepisanan dipuntepangaken déning Isaac Habrecht II wonten ing globe langit ing taun 1621, ingkang namanipun Rhombus.[4] Ing salajengipun namanipun dipun-gantos déning astronom Prancis inggih punika Nicolas Louis de Lacaille wonten ing abad kaping wolulas. Ing sadangunipun piyambakipun mapan wonten ing Cape of Good Hope, piyambakipun maringi nama konstelasi punika kanthi sebatan "le Réticule Rhomboide, kanggé mengeti reticle ingkang wonten ing lensa mripat teleskopipun.[2] Lajeng piyambakipun nyerat kanggé Retikulum ing seratan Latin ing katalog lintangipun kanthi nama "'Coelum Australe Stelliferum". Ing taun 1810, lintang Reticulum dipun-ginakaken déning Marmor Sculptile, ingkang minangka gambaran patung saking Christopher Columbus, nanging gambaran punika boten misuwur ing kalanganipun para astronom.[5] Konstelasi REticulum kanthi resmi dipunakeni déning Majelis Umum sepisanan, International Astronomical Union wonten ing taun 1922. Wates-watesaning kanggé rasi lintang punika lan rasi sanèsipun dipunsusun déning astronom Bèlgi, [Eugène Delporte]] ing sadawanipun busur hak minggahipun lan deklinasinipun ing taun 1875. Katrangan punika dipunwedalaken ing taun 1930 wonten ing Delimination Scientifique des Constellations saking perintahipun IAU.[6][7]

Lintang-lintang

[besut | besut sumber]

Namung wonten kalih lintang ing konstelasi Reticulum ingkang padhangipun langkung saking gangsal magnitudo, inggih punika Alpha (α) lan Beta (β) reticuli. Lintang abrit R Reticuli inggih punika variabel Mira. Variabel punika kapanggih déning C. Ragoonatha chary nalika wonten ing Madras Observatory ing India.[8] Lintang binet ingkang wonten ing sistem Epsilon Reticuli kapérang saking kelas spektral K2IV, lintang punika dipunorbitaken déning white dwarf.[9] Adhedhasar pngukuran parallax, sistem punika tebihipun wonten ing papan ingkang jarakipun 50 taun cahya saking srengéngé. Wonten ing taun 2000, satunggaling planit pendhamping dipunbiwarakaken ngorbit wonten ing lintang ε Reticuli A.[10]

Zeta Reticuli inggih punika satunggaling sistem lintang binar ingkang amba, ingkang kekalih anggotanipun meh sami kaliyan srengéngé. Sistem punika mapan wonten ing papan ingkang tebihipun kirang langkung 39 taun cahya. Ing taun 2005, satunggaling tipe la supernova kapanggih wonten ing galaksi spiral NGC 1559, ingkang mapan wonten ing konstelasi Reticulum.[11]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Sagitta Archived 2012-05-04 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 14 Pebruari 2013)
  2. a b Ridpath, Ian (1989). Star Tales. James Clarke & Co. kc. 10–11. ISBN 0-7188-2695-7.
  3. Farinacci, Jeff A. (2008). Guide to Observing Deep Sky Objects. Springer. kc. 150–151. ISBN 1-387-72850-4.
  4. AtlasCoelestis.com: "Jacob Bartsch ― Usus Astronomicus Planisphaerii Stellati Argentoratum (Strasburgo) 1624"
  5. Kanas, Nick (2007). Star maps: history, artistry, and cartography. Springer. kc. 130. ISBN 0-387-71668-8.
  6. Kanas (2007:308–309).
  7. Bradt, Hale (2004). Astronomy methods: a physical approach to astronomical observations. Cambridge University Press. kc. 53. ISBN 0-521-53551-4.
  8. Kameswara Rao, N.; Vagiswari, A.; Thakur, Priya; Birdie, Christina. "C.Ragoonatha Chary and his Variable Stars". arXiv. Dibukak ing 2009-09-05.{{cite web}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  9. Star Tales – Reticulum
  10. Chauvin, G.; Lagrange, A.-M.; Udry, S.; Mayor, M. (November 2007). "Characterization of the long-period companions of the exoplanet host stars: HD 196885, HD 1237 and HD 27442. VLT/NACO and SINFONI near-infrared, follow-up imaging and spectroscopy". Astronomy and Astrophysics. 475 (2): 723–727. Bibcode:2007A&A...475..723C. doi:10.1051/0004-6361:20067046.{{cite journal}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  11. ESO Public Affairs Department. "Celestial Blast in Bleak Reticulum". European Organisation for Astronomical Research in the Southern Hemisphere (ESO). Diarsip saka sing asli ing 2013-02-18. Dibukak ing 2009-09-05.

Cithakan:Pratélan rasi lintang Koordhinat: Sky map 19h 50m 00s, +18° 40′ 00″