Menyang kontèn

Témpé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
Témpé
Témpé
Panggonan asalIndonésia
Tlatah utawa prajaJawa
Woworan pokokkedhelé
Buku masakan: Témpé  Médhia: Témpé

Témpé iku panganan kang digawé saka kacang kedhelé jaralan difermentasi. Fèrmèntasi témpé nganggo kapang rhizopus ("ragi témpé"). Témpé iku jaré ciptanané wong Jawa.

Témpé sugih mawa serat, kalsium, vitamin B lan dat wesi. Béda karo tahu, témpé rasané rada kecut. Témpé akèh dikonsumsi ing Tanah Jawa, nanging saiki wis disenengi ora mung saubenging Indonésia nanging uga sadonya. Mliginé kaum végétarian seneng marang témpé minangka gantiné daging.

Jinis Témpé

[besut | besut sumber]
Ngaran Prétalan
témpé bongkrèk digawé saka ampas klapa
témpé bosok témpé kang wis bosok lan dianggo bumbu, contoné gudheg utawa léthok (tumpang)
tempe gembus digawé saka ampas kedhelé
témpé oncom uga namung diarani oncom; digawé saka ampas kacang; wernané oranye; Neurospora sitophila

Carané gawé témpé

[besut | besut sumber]

Kedhelé 10 kg, ragi témpé 20 gram, banyu sacukupé

Piranti

[besut | besut sumber]

Tampah amba, èmbèr, kranjang, rak pring, cithakan, adhukan kayu, dandang, karung goni lan kompor utawa tungku.

Carané

[besut | besut sumber]
  • Resiki kedhelé terus direndhem sawengi supaya kulité gampang nglothok.
  • Klothok kulit kedhelé, nganggo mesin utawa diplècèti kanthi diidak-idak.
  • Sawisé dikumbah resik banjur dikukus nganggo dandang sakjam, banjur diangkat, lan dielèr ing tampah.
  • Sawisé adhem diusar-usari ragi témpé.
  • Lebokké cithakan kang dialasi plastik, utawa dibungkus godhong gedhang. Plastik utawa godhong gedhang kudu dibolongi amrih ragi témpé olèh hawa.
  • Tumpuk cithakan lan krukubi nganggo karung goni. Sawisé sawengi wiwit thukul jamuré.
  • Cithakan isi témpé dijèjèr ing rak pring sawengi.
  • Wetokké témpé saka cithakan.

Cathetan

[besut | besut sumber]
  • Senthongé kudu resik lan ana jendhélané. Ing usum udan ruangan kudu diwènèhi lampu supaya ora pati adhem.
  • Témpé gampang bosok sawisé 2 1/2 dina sajeroning bungkusan.
  • Supaya awèt, iris témpé ukuran kurang luwih 1/2 mm, garingké nganggo oven kanthi suhu 750 sajeroning 55 menit.[1]
Témpé buntèl godhong jati

Sajarah témpé

[besut | besut sumber]

Témpé iku panganan kang digawé saka kacang kedhelé kang difermèntasi. Fermèntasi témpé nganggo kapang rhizopus ("ragi tempe"). Témpé iku jaré ciptanané wong Jawa. Témpé iku sugih serat, kalsium, vitamin B lan zat wesi. Béda karo tahu, témpé rasané rada kecut. Témpé akèh dikonsumsi ing Tanah Jawa, nanging saiki wis disenengi ora mung saubenging Indonésia nanging uga sadonya. Mliginé kaum vegetarian seneng marang témpé minangka gantiné daging. Panganan tradhisional iki wis kaloka awit jaman mbiyèn, mligi ana ing laladan Jawa, mligi Yogyakarta lan Surakarta. Ana ing bab 3 lan bab 12 manuskrip Serat Centhini, wis tinemu tembung témpé. Upamanée kanggo aran panganan “ jaé santen témpé ” lan “ kedhelé témpé srundèngan ”. saka cathetan sajarah, mligi témpé digawé saka kedhelé ireng lan kondhang ing laladan Mataram, Jawa Tengah. Tembung “ témpé ” asalé saka basa Jawa Kuna. Ing jaman Jawa Kuna ana panganan kang wernané putih kagawé saka sagu, lan diarani “ tumpi ”. Témpé anyar kang uga duwé warna putih, katon mèh padha karo panganan kang diarani “ tumpi ” mau. Sumber liyané ngandharaké, yèn pagawéan gawé témpé diwiwiti nalika jaman “ Tanam Paksa ” ing Jawa. Saliyané iku,uga ana wong kang duwé gagasan yèn témpé iku diwanuhaké déning wong-wong Tionghoa kang gawé panganan, ya iku kedhelé kang difermèntasi nganggo kapang Aspergillus. Indonésia iku salah sijiné nagara kang ngasilaké kedhelé paling akèh uga dadi pasar kedhelé kang gedhé dhéwé ing Asia. Kurang luwih 50% saka konsumsi kedhelé Indonésia kang awuud témpé, 40% tahu, lan 10% wujud liyané (tauco, kecap, lan liya-liyané)

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Cookbook

Rujukan

[besut | besut sumber]