Menyang kontèn

Toyota Vios

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Toyota Vios
2007 Toyota Vios
ManufacturerToyota Motor Company
UtawaToyota Yaris
Prodhuksi2003–present
PerakitanChachoengsao, Thailand
Sing ndhisikiToyota Soluna
KlasSubcompact car
Jinis bodi4-door Sedan
Sing kagandhèngToyota Platz/Echo (2003–2007)
Toyota Belta/Yaris (2007–)

Toyota Vios inggih punika mobil sédan alit ingkang dipundamel déning Toyota Motor Thailand kanggé dipunsadé ing wewengkon Asia Kidul Wétan.[1] Vios ugi dipundamel lan dipunsadé ing Cina.[1] Vios ngginakaken platform P ingkang énggal ingkang sami kaliyan Vitz/Yaris, lan Echo/Platz.[1] Kados mobil alit saking Toyota ingkang sanèsipun ingkang ngginakaken platform ingkang sami, Vios ugi gadhah dashboard kanthi instrument ing sisih tengahipun.[1]

Kaunggulanipun

[besut | besut sumber]

Toyota Vios gadhah performa mesin 1 NZ-FE 1.5 Liter 16 Valves DOHC kanyhi téknologi VVT-i (Variable Valve Timing – intelligent) ngasilaken akselerasi lan tenaga ingkang saé sanget kanthi konsumsi bahan bakar ingkang efisien lan ramah lingkungan.[2] Toyota Vios ugi gadhah modhel ingkang dinamis lan simpel ndhèrèk trend sapunika ingkang moderen lan stylish.[2] Modhél lampu ingkang ngginakaken téknologi HID (High Intensity Discharge) kanggé pepadhahang ingkang optimal. Mobil punika ugi gadhah modhel kabin ingkang stylish lan moderen sarta jembar saéngga saged damel penumpangipun betah.[2] Toyota Vios ugi dipunjangkepi kanthi ruang wingking ingkang mbetahi lan jembar.[2] Mobil punika dipunjangkepi kaliyan vitus kaslametan ingkang jangkep kanthi tèknologi énggal saéngga aman anggènipun nganggé mobil punika.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d Toyota Vios dipunundhuh tanggal 3 Agustus 2011)
  2. a b c d e intelligent performance Archived 2011-08-22 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 3 Agustus 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Cithakan:Mobil Toyota