David Hilbert (23 Januari 1862, Wehlau, Prusia Wétan14 Fèbruari 1943, Göttingen, Jerman) punika matématikawan Jerman. Sapérangan ageng tiyang menggalih bilih panjenenganipun punika salah satunggiling matématikawan paling gadhah prabawa ing abad kaping 19 lan awal abad kaping 20. Panjenenganipun pikantuk réputasi minangka matématikawan lan èlmuwan ageng kanthi manggihaken utawi ngembangaken sapérangan gagasan, kados ta téyori invarian, aksiomisasi geometri, lan gagasan ruang Hilbert. Punika salah satunggiling panemon analisis fungsi. Hilbert lan muridipun nyumbang kathah marang wrangka dhasar matématika ingkang dipunbetahaken ing mekanika kuantum lan relativitas umum. Panjenenganipun punika salah satunggiling tiyang ingkang mandhégani logika matematika. Panjenenganipun ugi salah satunggiling tiyang sepisanan ingkang damel pambèntenan antawisipun matématika lan metamatématika . Conto misuwur kapamimpinanipun ing donya matématika inggih punika presentasinipun ing taun 1900 prakawis himpunan masalah ingkang nemtokaken lelampahan sapérangan ageng risèt matématika ing abad kaping 20.

David Hilbert
David Hilbert (1912)
Lair(1862-01-23)23 Januari 1862
Königsberg or Wehlau, Province of Prussia (today Znamensk, Kaliningrad Oblast, Russia)
PatiFèbruari 14, 1943(1943-02-14) (umur 81)
Göttingen, Germany
PadununganGermany
BangsaGerman
Alma materUniversity of Königsberg
Kondhang ingHilbert's basis theorem
Hilbert's axioms
Hilbert's problems
Hilbert's program
Einstein–Hilbert action
Hilbert space
BebungahFRS[1]
Karièr ngèlmiah
BabaganMathematician and Philosopher
InstitutionsUniversity of Königsberg
Göttingen University
Juru pamrayogya dhoktoralFerdinand von Lindemann
Mahasiswa dhoktoralWilhelm Ackermann
Otto Blumenthal
Werner Boy
Richard Courant
Haskell Curry
Max Dehn
Paul Funk
Erich Hecke
Hellmuth Kneser
Robert König
Emanuel Lasker
Erhard Schmidt
Hugo Steinhaus
Teiji Takagi
Hermann Weyl
Ernst Zermelo

Pranala njawi

besut
 
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.


  1. Wigati: Cithakan iki ({{cite doi}}) wis lawas. Saperlu nyitir terbitan sarana doi:10.1098/rsbm.1944.0006, anggonen waé {{cite journal}} kanthi wuwuhan |doi=10.1098/rsbm.1944.0006.