Menyang kontèn

Hukum Raoult

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
Francois M Raoult, pencetus Hukum Raoult

Hukum Raoult ya iku hukum kang dicetuskake déning François M Raoult (1830-1901) kanggo nyinaoni sipat-sipat tekanan uwab larutan kang ngandut zat pelarut kang asipat nonvolatil, lan ngrembag ngenani aktivitas air.[1]

Hukum Raoult ngenani Campuran Ideal

Unine hukum Raoult ya iku: tekanan uwab larutan ideal didayani déning tekanan uwab pelarut lan fraksi mol zat terlarut kang ana ing larutan mau.[1]

Sacara matematis ditulis minangka [1]:

Plarutan= Xterlarut. Ppelarut

Hukum Raoult wigati banget kanggo nyinaoni sipat karakteristik fisik saka larutan kayat ngitung cacahing molekul lan memprediksi masa molar sawijining zat (Mr)[2].

Kanggo larutan kang mèlu hukum Raoult, interaksi antarané molekul individual komponèn loro mau padha karo interaksi antarané molekul saben komponèn.[2] Larutan kaya iki karan larutan ideal[2] Tekanan total campuran gas ya iku cacahing tekanan parsial saben-saben komponèn manut hukum Raoult.[3]

Hukum Raoult ing Campuran Ideal

Campuran ideal ya iku sawijining campuran kang nuruti hukum Raoult[2] Sebenere ora ana campuran kang bisa diarani ideal.[2] Nanging pirang-pirang campuran larutan kahanane bener-bener nyedaki kaanan kang ideal. Iki ya iku tuladhané[4]:

Ing campuran rong larutan kang bisa umub, hukum Raoult uga bisa digunakaké.[4]

Cathetan suku

  1. a b c Wordpress. 2008. Hukum Raoult Diundhuh tanggal 4 April 2010.
  2. a b c d e Wordpress. 2008. Hukum Raoult Dan Grafik Persamaan Raoult Diundhuh tanggal 4 Apr 2010.
  3. Chem-Is-Try. 2009. Tekanan Uap Archived 2010-05-29 at the Wayback Machine. Diundhuh tanggal 4 April 2010.
  4. a b Chem-Is-Try. 2009. Hukum Raoult dan Campuran Larutan Ideal Archived 2010-04-03 at the Wayback Machine. Diundhuh tanggal 4 April 2010.