Menyang kontèn

Surat Ar Rahmaan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
ar-Rahman

Informasi
Makna Ingkang Maha Mirah
Klasifikasi Madaniyah
Makkiyah
Surat ka 55
Juz Juz 27
Statistik
Gunggung ruku' 3 ruku
Gunggung ayat 78 ayat
Gunggung tembung 25 tembung
Gunggung aksara 113 aksara

Surat Ar-Rahman (Arab: الرّحْمنن) punika surat kaping 55 wonten Al-Qur'an[1]. Surat punika kagolong surat makkiyah mawi 78 ayat[1]. Tegesipun Ingkang Maha Mirah[1]. Ar-Rahman punika salah satunggalipun saking nama-nama Allah. Surat punika njlentrehaken kamirahan Allah kaliyan hamba-hambanipun, inggih punika kanthi maringi nikmat ingkang kathah sanget ing donya ugi wonten akhirat mbenjang. Tetengeripun surat punika ukaranipun diwongsal-wangsuli kaping 31 Fa-biayyi alaa'i Rabbi kuma tukadzdzi ban (Mila nikmat Gusti ingkang pundi ingkang panjenengan gorohaken?) ingkang kawontenan ing saben pungkasaning ayat ingkang njlentrehaken nikmatipun Gusti kanggé manungsa.

Pokok-Pokok Isinipun

  • Keimanan
    • Allah murukaken manungsa supados saged micara
    • Wit-witan nungkul kaliyan Allah
    • Sedaya alam punika nikmat saking Allah kanggé manungsa sadaya.
    • Manungsa dipundamel saking siti manawi jin saking latu
  • Ukum-ukum
Kewajiban ngukur, naker, lan nimbang kanthi adil.
  • Sanèsipun
    • Manungsa lan jin boten saged mlajar saking kakuwaosan Allah s.w.t.
    • Kathah ummat manungsa ingkang boten muji syukur dhumateng nikmat saking Allah s.w.t
    • Kadadosan ngengingi prastawa-prastawa ingkang dèrèng kadadosan lan prastawa punika leres kadadosan, tuladhanipun ngengingi Terusan Suez lan Terusan Panama.

Rujukan

Pranala njawi


Surat Sadurungė:
Surat Al Qamar
Al-Qur'an Surat Sabanjurė:
Surat Al Waaqi'ah
Surat 55