Menyang kontèn

Ritus Wétan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Katulik Wetan)
Bagéan saka sèri ngenani
Kakristenan Wétan

Sajarah
Kakaisaran Byzantium
Perang Salib
Konsili Ékumenis
Skisma Akbar

Tradhisi
Gréja Wétan Asiria
Gréja Ortodoks Oriental
Kristen Suryani
Gréja Ortodoks Wétan
Gréja Katulik Ritus Wétan

Liturgi lan Ibadah
Liturgi Suci
Ikonografi

Téologi
Apofatisisme - Klausa filioque
Miafisitisme - Monofisitisme
Nestorianisme - Panenteisme
Teosis

Gréja-Gréja Katulik Ritus Wétan iku Gréja-Gréja partikular otonom (utawa sui iuris, sajeroning basa Latin) sing ana sajeroning persekuthuan penuh karo Biskop Roma, Sri Paus. Gréja-Gréja iki nglestarèkaké tradhisi-tradhisi liturgi, téologi, lan dhévosi saka manéka Gréja-Gréja Kristiani Wétan sing duwé gegandhèngan karo gréja-gréja mau. Gréja-Gréja Kristiani Wétan iku panci duwé prabédan dhoktrinal ing antarané gréja-gréjané, kususé antarané Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Ortodoks Oriental, lan Gréja Wétan Asiria.[1] Mula saka iku, Gréja-Gréja Katulik Ritus Wétan iki béda-béda sajeroning wangun-wangun pangibadahan, tata-tertib sakramèn[2] lan ukum kanon, tèrminologi, donga-donga tradhisional, lan amal-salèh. Nanging Gréja-Gréja iki ngakoni yèn imané ora nyimpang saka iman Gréja-Gréja sing bebarengan wujud Gréja Katulik sing esa, kalebu Gréja Latin utawa Gréja Kulon. Kabèh Gréja sing Katulik, Wétan uga Kulon, padha dhuwur drajaté.[3] Sacara kusus, Gréja-Gréja iki ngakoni peran sentral saka Biskop Roma sajeroning Dhéwan Biskop. Gréja-gréja iki ngugemi pandhangan yèn Kritianitas Wétan wis ngrembaka suwéné maabad-abad. Sapérangan pandhangan mau diandharaké déning Paus Yohanes Paulus II sajeroning layang apostoliké Orientale Lumen nalika tanggal 2 Mèi 1995.[4]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. ""Gréja-Gréja Ritus Timur-Gréja-Gréja Uniat"". Diarsip saka sing asli ing 2008-12-19. Dibukak ing 2008-10-22.
  2. Orientalium Ecclesiarum, 12-18
  3. Konsili Vatikan II, Dekrit Orientalium Ecclesiarum, 3
  4. Orientale lumen, 5-8

Pranala njaba

[besut | besut sumber]